nglandang pedhut kang ngampakampak
ngembuleng wiwit dino wingi nyeseki dada
misah ratri dadi rino !
cemuwite sato kewan
lan swaraning prenjak kebak kamardikan
jangkah ombo nggembol seneng mowo sanepa
dino iki ana !
kemresiking angin,
ing saselaning godhong pring
kadya ngrangining gending kang terus ngiring
tembe mburi , ana pangabekti kang biso gawe meri
siji mboko siji, mecaki urip nuju latar bebrayan
netepi wajib
mangun bebrayan memayu hayuning bawana
mlangkah nuju bale wisma, ninggal godha saselaning mongso
mlangkah nuju bale wisma, ninggal godha saselaning mongso
kulup jangkahmu isih amba !
c' es
catatan :
geguritan tentang harapan
c' es
catatan :
geguritan tentang harapan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar