Tanggal iki siji Juni
Negeraku ana janji
Pancasila dino iki di pengeti
Nanging neng dalandalan
Durung ana kamardikan
Anak jalanan isih uberuberan
Mburu urip sansaya sangit
Sri iki critaku dina iki
Aku ngerti sliramu wes mukti
Aneng paran nguber janji
Janjine negara kang ora di tepati
Muga2 pancasila isih sakti
Pak Yudoyono, Pak Habibi, Ibu Megawati
Dino iki pidato neng TVRI
Mulai dina iki muga negara tepat ing janji
Njamin pangan wargane sampek pati
Ndang muliha Sri
Ora perlu maneh sliramu neng luar negeri
Sri tekamu tak ranti
Mbangun gegayuhan kang wus kepatri
Mencintai produk dalam negeri
c' es
catatan :
geguritan buat pancasila, pemimpin bangsa dan teman2 yang kerja di luar negeri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar