alonalon ninggal padhang, alonalon ninggal awan
pucuking redi wus prajanji
munggel dino kanggo sang candra, ganti swasana
weweh kampret lan kewan bengi ngupadi boga
wes suwe dak antu tekamu kangmas,..
mulai mbiyen pijer janji tanpa kasunyatan
dudu menungso prewiro lamun janji tanpa nyata
kawit jaman jaran dhigar
sampek saiki jaman montor scopy pating glalar
sing ono amung janjimu kang tansah nyebar manis
janji iku amung janji lamis
iki lorone ati wes ora ono tombo kangmas
penjenengan iku pancen manungsa duroko
watak candala, sifat duratmaka
c'es
catatan : ini tentang jerit hati seorang wanita, ketika yang ada hanya janji-janji saja
Tidak ada komentar:
Posting Komentar