Selamat Datang Saudaraku

selamat datang saudaraku.

“setelah membebaskan diri dari macammacam nama maka sampailah pada hanya Esa Tuhannya”, ("selanjutnya perlukah yang Esa itu di bebaskan lagi ?" sebuah pertanyaan yang tidak harus di jawab).

Urun Rembug : adalah sebuah kata yang berarti ikut memberi masukan atau sumbang saran. Blog ini di namakan seperti itu karena ditujukan untuk sekedar ikut sumbang saran bagi kehidupan berTuhan yang Esa, berbangsa dan bernegara, dalam rangka memayu hayuning bawana.
Silahkan membaca mengambil atau mengcopy blog ini bebas di ambil tanpa royalti, saya hanya minta tolong cantumkan inisial/link dari blog ini.
Silahkan. !

Jumat, 30 September 2011

glibete wewayangmu tansaya ndadra

embuh, embuh ora weruh
lelagon kisruh kang ora dak wanuh

ora kurang anggonku munggel pengangenku
ora kurang anggonku nyumpet pepinginku
ora kurang anggonku ngampet kangenku,
ora kurang anggonku nahan komentku

di lali-lali ora biso lali
ora ngerti ana apa neng ati
wewayangmu tansah ngreridu ati
sing jeneng loro wuyung ngene iki  

mangan ora jenak turu ora kepenak
glibete  wewayangmu tan saya ndadra
ngiwi-iwi sak ngareping mata

ora isa, ora iso, panggah ora isa
duh jagad dewa bathara
iki ana apa ?


c' es

Kamis, 29 September 2011

Bintangku Hilang

bintangku telah hilang
tertelan engkau bayang
pepat, pengap, senyap
luruh, keruh, lenyap


bintangku telah hilang
di antara megamega suram
tentang kaburnya kehidupan
diiring lagu kelu, sendu, sedan

bintangku telah hilang
membawa mimpi terangan
merampas tawa canda riang
menguap, lenyap, gelap !


c' es

Kamis, 15 September 2011

ora dora

ora krasa sang ratri wes niyat munggel janji
pedhut parak isuk iki isih nggembuleng ngadang pandeleng
lengser jejibahan ngundang bagaskara keketer weweh pepadhang,
cemuwit swara iberiberan  methuk sang bagaskara kang bakal teka


saklebatan wewayangmu jumedul saka walik pedhut,
cemlarap ndudut pangangen kang gembuleng nggembol kangen,
saklebatan praupanmu nyangking esem kang ngujiwat,

ndudut rasa pangrasa  kang primpen sumimpen
nglagokake kekidungan endah ing teleng atiku

nimas, wewayangmu tansah ngreridu ing ngareping mripatku
nimas, aku ora dora pancen wewayangmu iku nggawa rasa kang beda
nimas, yen dak rasa endahing bagaskara iku isih kalah sulistya ing warna

nimas patbelas candra kang isih kudu tak gantha
dak ranti tekamu ana tanah jawa


c' es