pedhut parak isuk iki isih nggembuleng ngadang pandeleng
lengser jejibahan ngundang bagaskara keketer weweh pepadhang,
cemuwit swara iberiberan methuk sang bagaskara kang bakal teka
saklebatan wewayangmu jumedul saka walik pedhut,
cemlarap ndudut pangangen kang gembuleng nggembol kangen,
saklebatan praupanmu nyangking esem kang ngujiwat,
ndudut rasa pangrasa kang primpen sumimpen
nglagokake kekidungan endah ing teleng atiku
nimas, wewayangmu tansah ngreridu ing ngareping mripatku
nimas, aku ora dora pancen wewayangmu iku nggawa rasa kang beda
nimas, yen dak rasa endahing bagaskara iku isih kalah sulistya ing warna
nimas patbelas candra kang isih kudu tak gantha
dak ranti tekamu ana tanah jawa
c' es

Tidak ada komentar:
Posting Komentar